Senin, 01 Agustus 2011

Sejatining Urip

Donya iki dalan
iya kudu diambah opo mesthine
ananging dudu benere yen dirungkebana
kudu sumurup kan ana ing ngarepe
mung bakal diliwati bae

Urip iku ing donya lan tami
umpamane jibeng menyang pasar
tan langgeng neng pasar wae
tan wurung nuli mantuk
raring wismane sangkane uni
ing mengko aja samar
sangkan paranipun
ing mengko padha weruh
yen asale sangkan paran duk ing nguni
aja nganti kesasar

Yen kongsia kesasar dening pati
dadya tiwas uripe kesasar
tanpa pencokan sukmane
saparan-paran nglangut
wekasan dadi udan
mulih marang banyu
dadi bali witing bradhag
ing wajibe sukma tan kena ing pati
langgeng donya akhirat