Rabu, 01 Agustus 2012

Kahanan Remeng-remeng

Sawijine kahanan bisa kasebut remeng-remeng, jalaran saben bengi mung dipasang damar sing ora padhang, utawa namung dipadhangi karo senthir utawa lilin sing kelip-kelip.

Geneya akeh wong sing seneng marang kahanan remeng-remeng? Wangsulane pitakon kuwi bisa bae kaya mangkene: akeh wong seneng murih jumbuhing katresnan lan katentreman. Luwih cethane: praupane wong wadon kang lumrah bisa katon luwih kinyis-kinyis utawa mencorong ayune nalika disawang ing panggonan sing remeng-remeng. Mula saka kuwi kahanan remeng-remeng banjur dianggep romantis utawa trep kanggo kencan utawa mbeberake rasa katresnan.


Yen dipetani nganggo rumus psikososial, kahanan remeng-remeng pancen bakal nuwuhake rasa gayeng. Contone, yen ana wong lanang lang wong wadon ketemu sajroning kahanan remeng-remeng mangka banjur kepengin lungguh pepet-pepetan utawa malah padha rangkul-rangkulan lan pangkon-pangkonan tanpa isin utawa pakewuh.


Ora ewuh pakewuh nalika nyecep rasa mesra ing kahanan remeng-remeng kuwi amerga ora bakal bisa disawang dening liyan saka kadohan.


Yen digalih meneh, kahanan remeng-remeng uga bisa ngraketake sesrawungan, jalaran yen arep rembugan kudune karo mepet. Dene rembugan karo pepet-pepetan kuwi bisa luwih gayeng lan marem amerga bisa mbeberake perkara-perkara sing wadi tanpa kuwatir keprungu dening liyan.


Saprene lawase, kahanan sing remeng-remeng uga wis kebacut dianggep padha karo kahanan sing saru utawa becik. Contone, yen ana warung kopi sing wis misuwur jejuluk warung remeng-remeng tegese padha karo warung sing saru amerga ora mung kanggo dodolan kopi lan panganan namung uga kanggo dodolan awak.


Mula saka kuwi, yen ana wong lanang sing seneng marani warung remeng-remeng minangka pawongan sing seneng tumindhak saru, kaya dene tumindhak serong. Semono uga wong-wong wadon sing senengane mesam-mesem ning warung remeng-remeng bakal dianggep wong wadon sing nakal utawa arep dodolan awak.


Sajroning mangsa global iki, panggonan sing saru wis kebacut dianggep minangka panggonan kanggo seneng-senengan lan wis dadi pepaesane sesrawungan tumrap kabeh bangsa. Contone, kabeh obyek wisata internasional wis dipaesi karo panggonan remeng-remeng kanggo para tamu sing seneng tumindhak saru kaya dene mabuk-mabukan lan kelon-kelonan tanpa nikah.


Malah ning negara-negara Timur Tengah sing misuwur duweni tradisi sing sarwa primpen, saiki uga wis duweni obyek wisata modheren kanthi hotel-hotel mewah sing persasat dadi panggona kang saru. Akeh tamu padha kelonan utawa tumindhak saru rame-rame kaya dene pesta seks bareng-bareng tanpa ewuh pekewuh utawa isin.


Ing Indonesia, warung remeng-remeng sing wis cetha kanggo tumindhak saru padha dikuya-kuya. Kaya denen kafe-kafe sing dienggo "karaokenan" ing dhaerah-dhaerah wis padha ditutup utawa dilarang dening pamarenthah sawise dikuya-kuya dening masyarakat.


Pancen, ing dhaerah-dhaerah, warung kopi sing wis misueur dadi warung remeng-remeng utawa dadi panggonan sing saru uga wis padha dirazia amerga pancen bisa ngrusak paugerane bebrayan agung kang adedhasar agama.


Luwih cethane, saiki akeh wong pangkat sing seneng rapat utawa rembugan ing hotel-hotel mewah amerga bisa ngiras tumindhak saru tanpa kuwatir konangan dening bojone utawa konangan wartawan banjur dadi pawarta sing horeg lan gawe wirange bangsa.


Mula aja lali unen-unen iki: sapa bae sing seneng marang kahanan remeng-remeng bisa cilaka amerga akeh bebaya sing ora cetha. Saupama akeh ri lan paku pating semebar bisa kapidhak-pidak. Lha yen sing kapidak kuwi malah ula luwuk, apa ora bakal katiwasan tenan? (SM 13/05/12, Manaf Maulana)