Selasa, 07 Agustus 2012

Manut Ngelmu Manggis

Ngelmu manggis iku klebu bothekan kawruh candra jiwa kang jero. Jiwane wong Jawa bisa disemak seka blegere manggis. Wong Jawa sing butheg lan bening jiwane, gumantung woh manggis. Ana manggis bosok, manggis manis, manggis kemalan (atos), lan manggis karengat. Mula tetembungan Jawa: pilih manggis apa rambutan, wong sing wengis jiwane tegelan. Ora ngira jebul wong Jawa wis suwe ngecakake ngelmu manggis. Mula disebut wong Jawa manggis. Ing bebrayan saben dina, ngelmu manggis dadi pengilon kang becik.

Sangertiku, ana telung bab kang wigati tumrap ngelmu manggis. Sepisan, jaman uripe, manggis iku katelah woh sing malik rupa. Malik grembyang. Pengin ngerti, manggis kuwi, sekawit wohe ijo. Nalika pentil malah semu kuning. Yen iseh ijo utawa kuning, manggis ora enak, sepet. Akeh tlutuhe. Yen dipijet atos ora mekakat. Bab iki satemene nggambarake lelakone wong Jawa sing atine atos koyo watu, jiwane wong mau merkengkong, angel dieluk.

Wong Jawa manggis enom, iku atos. Atos kaya watu item. Iki gambarane wong Jawa sing ngelmune urip cethek, durung mateng, adate atos banget atine. Ing kene, wong mau asring kemethak, kemritik. Anggepe, mung awake dhewe sing paling super, paling hebat, lan paling bener. Wong liya asring dianggep salah.

Ngelmu manggis iku pinter molak-malik rupa. Manggis kuwi yen nom bangt kuning, rada tuwa malik ijo, yen wis mateng coklat, ungu semu abang. Abang lambe. Mula ana tetembungan lambene manggis karengat. Wong sing atine manggis, gelem molak-malik, iku merga kepepet. Yen lagi arep kebukak boroke, lupute, sing bakal ngesorke ajining dhiri, biasane wong Jawa golek rekadaya. Sing marahi mesem, ana rekadayane mbodhoni, kaya kebo. Ethok-ethok goblog, banjur njawab "kula mboten mangertos ingkang minulya" (gaya Angelina Sondakh). Ana meneh sing anggone nutupi lupute, kanthi nyalahake wong liya meneh. Wis ora jujur, ditutupi tembung sing apus krama, akhire klerune saya ndadra.

Kapindho, ngelmu manggis iku woh-wohan kang simbolik. Wohe bunder kaya bal, ing perangan ngisor ana gambare kembang. Gambar kembang iku jebul nuduhake cacahe isi kang ana njerone. Mula jaman SD biyen ana lelagon megatruh mangkene : "yen woh-wohan iku timun, mateng enak iku kweni, manggis enak blibaripun.." Manggis kuwi enake pancen yen diblibar. Sadurunge diblibar, katon banget njaba njerone. Iki woh sing blaka suta satemene. Tegese, yen jlarit-jlarit kembang ing kulite manggis mau nuduhake cacah lima, isine ing njero uga cacah lima. Iki nggambarake wong Jawa sing lair batine padha.

Manggis iku woh sing apik, bleger blaka suta lan blak kotang. Nyatane, njabane coklat utawa abang ati, nanging isine putih, putih banget. Wong Jawa kang jiwane manggis putih, mesthi wae ana. Akeh.

Katelu, ngelmu manggis sing ala. Wong Jawa manggis iku, ana sing ora becik. Yaiku, nalika wong Jawa kepengin "mlothot manggis". Manggis kuwi, carane ngonceki beda karo woh-woh liyane. Anehe, sing pengin mangan manggis kudu ngetokake kekuwatan, mlothot-thot, nganti kulite remuk. Wong Jawa sing seneng nggunakake ngelmu manggis, adate wong-wong sing gething kepati. Wong sing kesenggol ajining dhiri, adate sok tegel karo liyan. Tegele mau diwujudake kanthi patrap kaya wong mlothot manggis. Tegel merjaya wong liya.

Wong sing lagi kedanan ngelmu manggis, sok ngudang serik marang sesama. Wong Jawa sing seneng minggetake liyan kaya ngenetke manggis, persis kaya kang sinamun ing Serat Candra Jiwa anggitane Ki Ening Budi, pupuh pangkur mangkene : "Lamun sira nigas kanca, muring-muring atine nora bening, iku tandha tuwa druhun, urip tan nanggo rasa, dumeh kwasa nyuduk liyan seka pungkur, dolanan geni lan mawa, sajak bosen urip iki", kanggo pemut marang wong Jawa sing dhemen ngegungke dhiri, gelem nindhes liyan. Nindhes kang sinartan getem-getem, bakal munculake plothotan manggis sing kurang manis.

Ngelmu mlothot manggis, adate ditrapake dening wong kakehan polah. Dheweke sok rumangsa paling bener, paling senior, paling apik sakabehe. Mula sok tegel nenggel, ngudhet-udhet wong liya. Wong ngene iki duwe jiwa mendhem kesumat. Jiwane wong kuwi "lara". Lire, dheweke seneng lan surak yen ana kanca liyane rekasa, sengsara, malah tegel mlenet kaya manggis. Ngono iku, tegese kepengin woh manggis kang putih, pengin enak, nanging kanthi mlothot kulit manggis. Tur meneh ana sing mlothot kulit manggis kuwi kanthi kanepson tenan. Bareng kulite wis rengka, mak petoto manggise, lega.

Ngadhepi wong Jawa manggis, pancen ora gampang. Wong sing kakon aten akeh. Sing atine thukul wulu, pengin mijet, mejet, mlenet, lan mlothot liyan uga ora etungan. Wong-wong mau, adat saben tembunge sok manis, nanging satemene ati dhondhong. Dheweke rumangsa mulya uripe, yen kancane kebleseg-bleseg. Mula ana parikan uwit mundhu uwit manggis, yen lagi diaru biru ora usah nangis. Yen lagi diganggu, diplekotho ora usah nangis.

(Suwardi Endraswara)