Pirang-pirang dina iki aku lagi ngangen-angen apa kandhane Saman, tanggaku sing penggaotane tani utun ning perenge Pegunungan Kendeng Lor. "Pasa kuwi tegese apa? Ngeposke rasa apa napa-napa kersa?" Makjleg rasane atiku diwangsuli karo dhekne sing babar pisan ora tau sekolah, sakwise aku takon, "Kowe pasa apa ora, Man?"
Ngeposke rasa kuwi tegese ngendheg rasa sing kemrungsung, serakatan, rakus. Sakwise diposke terus diiket, ditaleni, supaya ora serakatan sing ora nggeke. "Lo, gene iketane kok ora ning weteng, Man?" takonku pengin ngerti sakwutuhe. "La wong nepsu iku nggone ning sirah, nek ati ning dhadha. Sing ngajak rakus, serakatan, njumput sing ora nggeke, ngenggo sing ora sandhangane, kuwi nepsu. Nepsu nggone ning pikiran," jawabe sinambi ngaso ing gubuge.
"La nek pasa napa-napa kersa ya beda maneh. Bener kandhane, wonge pasa nanging ora theklek ora sandhal, ora rante ora pedhal, ora ula ora kadhal, ora lemah ora aspal, angger ora nggronjal-nggronjal ya diuntal. Terus kepiye?" ujare sinambi nglinthing rokok klobote.
Pitakonku sing cendhak mau akire dadi rembugan dawa. "La nek pasa kuwi apik kok mung ditindakake sesasi? Terus sing sewelas sasi liyane kepriye?"
Sing diarani agama kuwi apa? Saka tembung Jawa ageman, penganggo, sandhangan. Nanging sandhangane ati. Sapa ngreti sandhangane ati, wong ning ati ning njero nggone. Sampeyan bedhel ya ora ketok. Lan kuwi diwujudake keyakinan lan laku saben dinane," ujare Saman kaya ngreti pitakonan ning njero batinku.
Nek Saman diarani wong-wong desa kana ora duwe agama -- nanging biyasane dheweke diarani ngono yo nrima, ora gelem padu, meneng wae. Nanging nek didelok saka laku uripe, rasane dhekne duwe agama. Wong nek ora duwe agama iku ora duwe pathokan, kaya kewan. Sampeyan ngreti pitik ngumpuli bojone sapa wae. Iku gak duwe agama. La wong nek duwe agama, ya emoh. La wong ngono niku, nuwun sewu, yen KTP-ne didelok agamane Islam nanging kok gelem tindak nistha, ya emboh iku. Gusti Allah sing mirsani. Bedane, Saman gak gelem ngetok-ngetokake: "Iki lo aku pasa, wong tarekah, makripat."
Senajan duwe lemah garapan lan ingon-ingon sapi lan wedhus, Saman ora kepilut bandha kuwi. Bandha nek mungguhe Saman mung pepaese donya. Nek wis kapundhut sing duwe, iku kabeh ditinggal. Dhekne duwe keyakinan, kabeh mau mung titipan. Nggadhuh nanging mboten gadhah, nganggo nanging boten duwe. Sing duwe? Gusti Kang Maha Agung.
La, prekara tumindak, kelakuan, lan budi pekertine wong kaya Saman kuwi ana sing nyebut Gusti, maksude bagusing ati. Tegese, mbagusi atine dhewe sing ngabekti marang Gusti Maha Agung lan mbagusi marang makluk sing tumitah ning donya. Ora kok manungsa thok. Kabeh makluk dibagusi dening wong kaya Saman. La nek atine wis bagus, kabeh tumindake bagus: pangucapane bagus, tingkah lakune, budi pekertine uga bagus.
"Pasa ana pirang-pirang tingkatan, kayata pasane raga, pasane cipta, pasane suksma, lan pasane rasa. Terus endi sing mbok tindakake, Man?"
"Kuwi perangan sing digawe wong-wong pinter, nanging sejatine ya dadi siji. Ngene, ana bab sing prelu dingerteni sakliyane ngurangi mangan lan ngombe, yaiku: wong becike padha duwe pathokan adil. Adil paramarta. La sing diarani adil werna loro. Adil ning kene iki ngadili awake dhewe. Nek ora nggeke aja pangan, nisbate panganan. Terus nisbate sandhangan, penganggo, nek ora sandhangane aja enggo. Sandhangan kuwi akeh wernane. Nek panganan akeh, nanging panganan kuwi jalure mung siji, ana cangkem. Panganan mboh rupa tiwul, ketan, rawon, soto, mboh rupa apa wae jalure liwat cangkem. La nek sandhangan, nek ora sandhangane ya aja dienggo. Sandhangan ngono werna-werna. Kathok ya sandhangan, klambi ya sandhangan, donya brana, pangkat, derajat, ya sandhangan."
Mbokmenawa kuwi dhasare kenapa Saman milih dadi petani. Marga kanggo dhekne, mergawe sing paling apik, sing gampang dihalalake, sing gampang diadilna, nek ora ngemplok sing ora nggeke, ya dadi tani. Mula nek awake dhewe delok rata-rata umume sedulur kaya Saman pengaotane ya tetanen, sing dhagang ora ana, arang, apa maneh dadi pejabat.
Rasaku kaya kedudut krungu ujare Saman. Ora ngira wong kaya dhekne bisa njaga samubarang sing mlebu awake, sing dadi getih, balung, lan sungsume. "Nganggone rasa lan rumangsa awake dhewe ngono, Man?" takonku maneh.
Ya, pancen wes dadi kewajibane awake dhewe minangka kang ngrumangsani urip ning bumi iki. Sabab manungsa urip ning alam donya iki ora langgeng. Kira-kira mati. La nek mati iku ana teruse. Teruse, kudune bisa sesambungan karo Gustine. La saiki urip nek mung sesambungan karo manungsa bara golek lan numpuk bandha donya, terus matine ora ngreti dalane -- ora bisa sesambungan karo Gusti Allah, ya muspra, ora ana pedahe.
Mula mumpung isih kuwagang tandang gawe, aja mandheg anggone lumaku, pasa, lan mbudi daya. Padha buktekna wae kanthi rasa tulus lan legawa, tanpa pamrih. Marga iki urip kang lagi diurap campur apa wae lan sapa wae. Rembug iki kanggo sapa wae kang suka lan lila, seneng lan preduli marang kahanan. Kahanane urip sakabehing urip. Uripe bumi, uripe uwong, uripe sandhang pangan, lan uripe jagad gedhe. Kang nedya memayu hayuning bawana langgeng salumahing bumi sakureping angkasa.
Sakbare srengenge angslup, aku pamitan karo mbatin, "Bener kandhane mbah buyut biyen, nek janma tan kena kinira." Yen ning ndonya iki isine wong kaya Saman kabeh, menawa ora ana bedhil-bedhilan, pulisi nganggur, pamarintah kisinan, donya tentrem, adil, lan makmur. Alam lingkungan uga lestari, ora ana barang elek, isine mung apik becik. Ora ana grayah, ora ana begal, ora ana maling, ora ana wong korupsi, lan wong dhemenan.
(Eko Arifianto, pangarsa Lembaga Pengkajian Kebudayaan dan Lingkungan Pasang Surut Blora - SM 29/7/2012)