Selasa, 14 Agustus 2012

Saya Tuwa, Saya Aleman

Ana unen-unen: saya tuwa, saya aleman. Wis tuwa, naging mbocahi. Karepe kabeh wong kudu tansah ngalembana, senajan dheweke kerep lelakon kurang prayoga. Saben-saben ana sing nyacat lelakone sing ala, dheweke bakal mbelani awake kalawan nyacat wong liya sing luwih ala. Jalaran rumangsane awake isih luwih apik tinimbang wong liya.

"Aja ngundhamana aku, jalaran akeh wong liya sing luwih ala!" Mangkono ujare saben-saben ana sing ngundhamana jalaran dheweke pancen cetha tumindhak ala. Yen dheweke nolong jupuk, mangka emoh dicela, bakal guneman "aku nyolong pisan kok diundhat-undhat, pantese sing diundhat-undhat ya wong liya sing bola-bali nyolong kuwi."

Yen gelem metani sejarah, akeh wong saya tuwa saya aleman, senajan wis dadi pangarsa. Malah wiwit biyen tumeka saiki para pangarsa padha aleman senajan saya tuwa. Karepe kabeh wong tansah ngalembana, banjur sing dumadi "asal bapak senang (ABS)". ABS wiwit biyen tumeka saiki tansah kedadeyan ing bebrayan agung, mligine ing babagan politik. Mula yen ana kawula emoh ngalembana pangarsa utawa malah ngalembana samubarang sing sabenere ora pantes dialembana.

Sajrone mangsa Orde Baru, ABS kaya-kaya wis dadi kuwajibane kabeh pihak. Yen ana sing ora mathuk, bakal dianggep duraka marang pangarsa, banjur gelem ora gelem disingkirake. Dene pihak sing luwih seneng meneng tinimbang guneman ABS, senajan prasasat kanca rakete pangarsa, tetep disingkirake. Disebatake ana manca, kaya ta diwenehi tugas dadi duta besar. Murih ora dadi krikil sajrone nagari, sing bisa dadi sandhungan utawa mlesetake lampahe pangarsa.

Ing mangsa Orde Lama, ABS uga kedadeyan jalaran pangarsane ya aleman. Malah ing babagan krama, alemane ngluwihi pangarsa Orde Baru saengga garwane siji. Watak alemane pangarsa Orde Lama sing paling cetha lan disawang dening kabeh pihak yaiku akeh embel-embel pating trempel ing klambine.

Gara-gara pangarsa Orde Lama saya tuwa saya aleman, Partai Komunis Indonesia (PKI) seneng paring laporan ABS saengga dadi partai sing tansah ugal-ugalan lan brangasan. Nalika PKI kesangkut prastawa G30S, pangarsa Orde Lama tetep ngalembana.

Ing mangsa saiki, apa ana wong (mligine pangarsa) saya tuwa saya aleman? Wangsulane, ora mung ana, nanging akeh. Ing pusat lan dhaerah-dhaerah saiki akeh pangarsa aleman. Saben-saben pidato, panagrsa ing pusat tansah sambat jalaran diundhamana dening media. Kamangka pancen pantes diundhamana jalaran prestasine durung bisa dialembana. Malah saya akeh balane sing korupsi.

Pangarsa dhaerah-dhaerah sing aleman uga cetha saya akeh lan bisa disawang dening kawula kabeh. Conthone, meh saben kutha saiki dikebaki kepala dhaerah sing dipermak murih katon bagus utawa ayu. Karepe ora liya, mung pengin disawang lan dialembana dening rakyate.

Malah ana kepala dhaerah digawe reca lan dipasang ing panggonan rame. Kamangka isih akeh infrastruktur durung kebangun. Ing babagan iki, cetha yen ABS. Tangeh lamun reca kepala dhaerah digawe akeh yen ora ana sing kebablasen nduweni kekarepan ngalembana lan dialembana.

Kamangka miturut wong-wong tuwa biyen, saben paring pitutur marang anak tansah nagnggo ukara "cah cilik aja aleman, mundhak dicela dening liyan." Tegese, senajan isih cilik aja pengin dialembana wae, apa maneh yen wis saya gedhe saya tuwa kok malah saya aleman mangka pantes yen saya akeh pihak sing ngundhamana. Utawa yen akeh pihak gelem ngalembana, menawa wae amung lamis.

(Siti Siamah)